Juru Slameting Jagad
Wayang wahyu oleh handi s pr
Ayak pamarta
Srepeg 3
Lanc. Elia-Maria Yusup jumedhul
Prolog
Maria : Kakang Yusup, aku tak takon marang sliramu Kakang, awit iki wektu kang prayoga kanggo guneman sing luwih jero ing sak lawase awake dhewe padha pepacangan, padha tresna trinesnan...
Yusup : Iya yayi Maria, mara takona yayi!
Maria : Miturut kakang Yusup, bab sing penting ing sakjroning pasrawungan kuwi apa?
Yusup : Yayi, yen cara aku, sing paling penting ing sakjroning srawung kuwi kejujuran!
Maria : Sarujuk kakang, ning aku duwe tembung liyane!
Yusup : Duwe tembung liyane? Apa kuwi yayi Maria?
Maria : Sing penting ing sakjroning pasrawungan kuwi rasa percaya!
Yusup : Rasa percaya? Kok isa kuwi bab sing penting?
Maria : Kakang Yusup, uwong bisa awet anggone srawung amarga rasa percaya. Keluarga-keluarga bisa rukun amarga rasa percaya. Wong pacaran bisa langgeng amarga rasa percaya. Wong nyambut gawe, bisa apik kasile amarga percaya lan dipercaya. Nanging kakang, kok emane akeh uwong sing ora ngupadi kareben bisa dipercaya!
Yusup : Hmm, akeh uwong sing ora ngupadi kareben bisa dipercaya? Sik, sik, tegese piye yayi Maria?
Maria : Akeh uwong sing ora jujur, gampang banget ngapusi. Kamangka yen uwong kuwi ora jujur, kuwi padha karo ngrusak, padha karo ngremuk awake dhewe. Nalika uwong konangan anggone ngapusi, rasa percaya percaya tumrap dheweke wis ora ana meneh! Mula tak suwun Kakang, ayo padha ngupaya kareben bisa dipercaya dening wong liya ya kakang...
Yusup : Hmmm, iya yayi, muga-muga bisa kaleksanan.
Maria : Bisa percaya lan bisa dipercaya kuwi bab sing penting, nanging isih ana sing luwih penting Kakang!
Yusup : Apa kuwi yayi?
Maria : Sing penting dhewe kuwi urip karohanen sing temen.
Yusup : Urip karohanen sing temen?
Maria : Iya kakang, urip karohanen sing temen. Coba penggalih wae, ana wong sing nandhang susah, sedhih, kuatir, gampang nesu, lara, lsp. Menawa urip karohanene kuwi apik tur temenan, mesthi bisa ngadhepi kabeh mau kanthi ati kang tatag. Mula bener menawa pasamuwan suci ngupadi supaya bisa berjumpa Allah dalam keluarga. Awit, bisa pepanggihan klawan Gusti Allah kuwi mujudake urip karohanen sing teman.
Yusup : Ooo, iya yayi Maria... pun kakang nuhoni pangandikamu kuwi! Aku percaya, sapa wae sing pinunjul ing urip karohanen, perkara utawa masalah urip apa wae, mesthi bisa diadhepi kanthi ati kang tatag!
Maria : Nanging kakang, awake dhewe aja lali tansah waspada marang godhaning Iblis. Saya suci manungsa, saya santer anggone iblis nggiri godha!
Udhar-majemuk
Suwuk, suluk:
Linuwarna saking panggodha, saha sakehing piawon. Dipadha eling waspada, marang lakune si iblis, gereng-gereng mburu mangsa... (langsung masuk gantungan, jangan gunem dulu)
Adegan 1: Rapat Setan
Lusifer : Ahahahahahaaa... kowe kabeh wadyabalaning iblis, setan, dhemit, kowe sakkehing jim sombong, kikir, cabul, gelojoh, iri, kesed, lan angkara murka...
Jim 1 : Woiiii ana apa bosse!
Jim 2 : Ana apa juragane?
Lusifer : Aku Lusifer, raja rajaning iblis, tak kandha, mula rungokna! Wiwit aku kowe kabeh milih lan mutuske nyingkur kersaning Allah, awake dhewe nganglang jagad, ngulandara ing sak papan, sakperlu nggiri godha sapa wae sing cecaketan karo Gusti Allah! Sak bisa-bisane diupakara supaya apa sing dadi kersaning Allah gagal tanpa kalaksanan!
Jim 1 : Kepareng matur juragane! Nalinga aku nganglang jagad, jagading manungsa lan uga jagading lelembut, pokoke kabeh jagad, aku krungu kabar dene Sang Ilah kuwi kagungan kersa arep nylametake jagad!
Lusifer : Sang Ilah nylametake jagad? Wis ngerti aku, rasah mbok kandhani! Padha dene setane kok ngandhani! Goblok! Wiwit awake dhewe nggiri godha Adham lan Hawa, awake dhewe ngerti yen ta Sang Ilah pancen wiwit nandur kabecikan. Nanging tandure Sang Ilah sing jenenge kabecikan kuwi kudu dipunthes, kudu disirnakake! Kowe kelingan? Sanadyan Adam lan Hawa tumiba ing dosa, nanging ora mandheg nggone Sang Ilah ngupakara supaya manungsa bisa sesandhingan karo Sang Ilah. Sang Ilah miji Abraham, Musa, lan sakpiturute supaya mimpin manungsa bisa manembah marang Gusti Allah. Wus makaping-kaping lan maneka cara anggone Sang Ilah paring Sabda marang manungsa, lumantar para nabine! Eeee, lha aku krungu, iki Sang Sabda utawa Sang Ilah bakal manyabda lumantar Putra utusane! Heh, sawangen kae! Kae ing tanah Nasareth... kaya-kaya ana teja manther... Sing waspada... Lumantar Gabriel malaikate, Sang Ilah bakal dhawuh marang Maria, supaya Maria bisa dadi lantaran amrih karahayoning jagad. Mula Maria kautus supaya nggarbini lan nglairake Putra utusaning Allah. Ayo, cegaten, aja nganthi panjangka iki kalaksanan!
Jim : Carane nggagalke kersaning Sang Ilah kuwi piye?!
Lusifer : Setan kok goblok! Mangkata, sing waspada aja nganti kalah karo malaikat! Ayo aku sing mimpin barisaning wadyabala iblis!
Wadyabala iblis budhal: Kumlebet
Mlebet ketawang Rahayu pl 6
Adegan 2: Maria dan Malaikat
Isi dialog: pemberitahuan tentang anak yang akan dikandung Maria. Maria menerima tugas untuk mengandung dan melahirkan Yesus.
Janturan:
Perkara rupa, mesthi wae ora bisa dipadhakake karo Raja Putri Mesir, Kleopatra, sing ayune uleng-ulengan. Sang Kleopatra tau ginarwa Pangeran Yulius Caesar sarta Jendral Markus Antonius, kang urip ing watara Januari tahun 69 nganti 12 Agustus tahun 30 sak durunge Gusti Yesus miyos.
Nanging bab kaluhuran budi, sak lumahing jagad kureping langit, tan ana tandhinge. Sapa ta kang dikarepake wanodya pinunjul kekasihing ALLAH, pindha Sekar Mawar Ingkang ngemu wados? Akeh jeneng Maria, nanging ora kaya prawan sunthi siji iki.
Dewi Maria, putrine pasutri Yoakim lan Anna, kang dedunung ana kutha Nazaret bawah wewengkon Galilea. Yoakim tegese “Cecawis kagem Gusti”, dene Anna werdine “Berkah, Rahmat, utawa Karunia”, amarga dadi pangayomaning wanita, mligine para ibu kang lagi nggarbini. Wektu semana, Maria kang apindha Betenging Prabu Dawud lan Menara Gading, wus pacangan karo Yusup. Nom-noman anteng kreneng gemandhul kepis, ora sugih omong, sing saben dinane makarya dadi tukang kayu. Aja ngemungake, dumeh mung tukang kayu. Dhek jaman semana, panggeweyan tukang kayu dudu loro sak udhon telu sakurupan. Isih arang wong sing bisa dadi tukang kayu. Gur wong kang temen lan wasis, sing pantes sinebut tukang kayu.
Nalika samana, ing griyanipun Sang Maria ing tlatah Nasaret, wayah esuk, nalika janma manungsa isih katrem ing impene, sowang-sowang, Maria durung sare, manekung ing mahening, nyuwun kanugrahanning Gusti, kareben anggone bakal mbangun brayat karo Gus Yusup tansah binerkahan. Kedadak, Maria mirsani kedadeyan kang nganeh-anehi.
Cat katon cat ora, Maria nyumurupi ana manungsa ngagem swiwi ngekuwung tejane, klepar-kleper mabur ngubengi panjenengane. Agemane putih memplak kaya bubar diklanthang, pasuryane gumebyar-gebyar nanging ora mbalerengi. Sak durunge Maria bisa ngucap, sesawangan mau luwih dhisik mesem lan suka pangandikan:
“Berkah Dalem Maria”
Suwuk
Plencung pl 6:
Kinarya gancaring kandha.. ooo.. hamemetri ringgit wahyu. Pinangka sung tuladha, ooo... hamethik Sabdaning Allah, mrih dadya piwulang. Manembaha marang Gusti...
Malaikat : Maria, bagea sliramu kang kinasihan, Pangeran tansah nganthi marang sliramu!
Maria : Adhuh, paduka punika sinten?
Malaikat : Maria, aku malekat Gabriel, dutaning Allah. Maria, sliramu aja wedi, awit panjenenganira antuk sih kanugrahaning Pangeran. Menawa kowe bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra Kakung. Putra kakung kuwi asmakna Yesus…
Sampak Ma
Maria : Adhuh, Sang Dutaning Allah, lajeng kula badhe kados pundi?
Malaikat : Mangertia, Putra kang saka Sang Hyang Roh Suci kuwi mau, bakal pinunjul lan bakal kasebut Putraning Allah kang Mahaluhur!
Maria : Sang Malekat, punika saged klampahan kados pundi, jalaran kawula dereng emah-emah!
Malekat : Maria, Roh Suci bakal nedhaki sliramu, sarta kawekasane kang Mahaluhur bakal ngayomi marang sliramu: mulane Putra kang miyos kuwi bakal kasebut suci, Putraning Allah. Maria, wruhanana uga: Elisabet sanakmu sing wis tuwa uga lagi ngandhut anak lanang, dene saprene wis nem sasi, mangka Elisabet kuwi gabug. Mangertia Maria, tumraping Allah ora ana barang kang mokal! (Jagad nyekseni!)
Sampak
Maria : Sang Duta, kawula punika abdining Pangeran, sabda Dalem kalampahana!
Srepeg gundhawa pl 5
Setan masuk dalam diri Adena tetangga Maria.
Adegan 3: Maria dan setan
Ada-ada: Kagyating manah rudatin...
Aden : Maria...
Maria : Iya, Adena... ana wigati apa?
Aden : Tak sawang-sawang, kok pasuryamu katon suntrut, ulatmu peteng, ora kaya adat saben!
Maria : Ora kok, aku ora papa!
Aden : Aaaah, aja goroh Maria... ana sing beda kok! Mesthi ana apa-apa, aja goroh! Mosok putrine Bapa Yoakim lan Ibu Anna, kang kawentar amarga suci lair batine, kok goroh kaya mangkono! Mosok karo tanggane dhewe, kok ora terus terang kaya mangkono!
Hanjrah ingkang puspita rum...
Maria : Adena, aku tak blaka!
Aden : Iya Maria!
Maria : Aku dirawuhi malekat!
Adena : Kuwi ngimpi apa ora?
Maria : Ora Adena... wruhanana... Iki sing aku kudu blaka... Nalika samana, malekat paring dhawuh supaya aku nggarbini! Ngendikane bayi sing arep tak kandheg iki asale saka Sang Hyang Roh Suci!
Aden : Uhh, ana-ana wae... ketemu malaikat barang, gek-gek, kowe ki mung ngimpi! Kok rumangsaku, nyuwun sewu ya, Maria, aku ki biasa terus terang, tanpa tedheng aling-aling. Bab iki kok aku ora ngandel...
Maria : Adena, aku wani sumpah yen ta bener, menawa Sang Malekat rawuh lan paring dhawuh marang aku!
Adena : Wani sumpah? Banjur kowe kepriye?
Maria : Gandheng iki kersaning Gusti, aku matur yen aku sendika dhawuh nuhoni dhawuhing Pangeran!
Ada-ada:
Dene ukum kang sepisan tresnanana Gusti Allahmu, kanthi sawutuhing jiwa..oo
Adena : Lho, Maria, Maria, sawangen, kae nang njaba kok ana rame-rame apa kae?
Sampak ma
Adegan 4: Setan (samaran) memperlihatkan bagaimana wanita dirajam karena mengandung di luar nikah
Masuk dialog:
Adena : Maria, senadyan aku neng kene ki ya mung kepetung tangga. Ning ana becike yen ta aku ya urun panemu karo sliramu!
Maria : Kepriye Adena?
Adena : Kowe nyumurupi dhewe, kepriye bocah wedok mau dibandhemi watu/dirajam?
Maria : Iya!
Adena : Kowe ngerti dhewe, kenengapa bocah wedok mau kok dibandhemi watu?
Maria : Iya, amarga laku zina, nganti laku sedheng, nglakoni laku bandrek, nglakoni solahing tata priya lan wanita, kamangka durung resmi dadi bojone, satemah anggarbini!
Adena : Nah Maria, Maria, mbok mirengna aturku! Tinimbang kowe nduwe nasib sing padha karo bocah wedok mau, wis ta jabelen kasaguhanmu bakal nggarbini kuwi! Sembayanga nyuwun marang Gusti supaya aja nganti kowe nggarbini!
Maria : Ora, ora! Aku wis ngucap sedyaku ing ngarsaning Gusti!
Adena : Maria, kuwi dudu perkara entheng, apa kowe gelem dibandhemi watu, amarga meteng tanpa duwe bojo?!
Maria : Adena! Aku bakal nggarbini, nanging aku ora laku zina!
Adena : Nanging, kowe ngandheg! Wong bakal takon, lho, durung tau resmi dadi manten kok wis ngandheg! Maria, rungokna aku ya!
Maria : Adena! Aku wis prasetya, aku mung sendika dhawuh!
Adena : Maria, ora wedi kowe dianggep bocah murahan, ora wedi yen nyawamu ilang amarga diukum pati?
Maria : Adena, tulung, lunga saka kene! Adena! Kok kaya dudu kowe sing nyuwara! Minggata kowe iblis!
Sampak ma
Adegan 5: Perang gagal setan dan malaikat
Setan kalah oleh malaikat (roh baik) = sebagai simbol kalahnya pengaruh setan kepada Maria.
Iblis: Yoooooohh, hebat kowe Maria! Enteni liya dina, iblis ora bakal mundur... Enteni wektu sing pas kanggo nggiri godha kowe lan manungsa kabeh!
Adegan 6: Gara-gara
Katekese tentang godaan Iblis dr St. Ignatius, tentang penjelmaan.
Lagon: Bila Roh Allah ada, Dherek Dewi Maria, Globalisasi, Unthul Bawang.
Srepeg cipta sl 9
Dilanjutkan gantungan 5
Adegan 7: Rapat Setan
Ada-ada pl 5:
Linuwarna saking panggodha... saha saking piawon... dipadha eling lan waspada... oooo... lakunira si iblis, kadya sardula... anggereng-gereng beburu mangsa. Ooo...
Lusifer : Bedebah, biangsat elek... Ora mempan mbujuki Maria supaya nyingkur karsaning Gusti!
Jim 1 : Wah mangka wis nganggo gaman werna-werna... Wis diarah nganggo maneka cara. Kok isih tetep ora kodal...
Jim 2 : Wah piye ya iki?
Lusifer : Heee, gamane isih akeh pora?
Jim : Iki isih ana senjata werna-werna sing dienggo ngganggu menungsa!
Lusifer : Apa wae kuwi?
Jim : Iki ana sing jenenge kesombongan, iki kikir, iki cabul, gelojoh, iri, malas, marah. Wis tak obral, murah regane...
Lusifer : Wah, ning kok ora mempan ya? Lho lha kuwi kok ana gaman liyane, mbok dokok nang cerak sikilmu?
Jim : Nah, iki, iki gaman sing paling larang regane!
Lusifer : Lho kok regane paling larang wong bentuke ki elek, wis rusak, tur lethek?
Jim : Lhaaa iki, bentuke elek, lethek tur wis rusak merga wis kerep dienggo manungsa. Tur ya paling gampang dilakoni!
Lusifer : Kuwi jenenge apa?
Jim : Arep ngerti? Gaman iki jenenge PUTUS ASA! Wis, tak jamin, iki gaman Setan sing paling mujarab sing bisa mlebu gampang nang atine manungsa!
Jim 1 : Yen ngono aku usul kang! Kae, Yusup pacangane Maria! Ayo digiri godha! Uncali gaman sing jenenge Putus Asa! Ayo, aja nganti gegayuhan kanggo nylametke manungsa bisa kalaksanan!
Lusifer : Cerdas kowe, ayo, mrepegi Yusup si tukang kayu, pacangane Maria kae!
Lanc. Bubaran Nyutra sl 9
Suwuk
Pl br:
Bener luput luput, ala becik klwan begja. Cilaka apan saking. Ing badan piyonggo. Dudu saking wong liya. Pramula den ngati-ati. Sakeh durgama.. Singgahana den aglis...
Masuk ktw trenyuh pl br
Adegan 8: Yusup dan Maria
Kayon tancep
Kandha:
Kocap kacarita minangka gancaring carita. Sang pekik Yusup, purna nyambut gawe, enggal-enggal reresik lan memantes dhiri, awit arep ketemu pepujaning ati, nenggih Sang Kenya Maria. Bareng samya pinanggih, mak gapyuk kekarone rerangkulan asok kapang sawise seminggu ora ketemu.
Patetan sl 9: Nglingga murda, tandhesing nala, mring Sabdaning Hyang Manon, mrih hayu hayuning bawana... Oooo, oooo, ooo...
Maria : Kok suwi temen ora dolan mrene ta kakang?
Yusup : Iya pangapuramu wae Maria. Rumangsaku gaweyan kok ora rampung rampung. Mangka aku dhewe selak kangen karo kowe jeee...
Maria : Ra ngandel! Kangen kok ora ndang mara.
Yusup : Eee ......, yakin, lha mbok ciker. Aku kangen tenan lho. Luwih-luwih ana bab-bab kang perlu tak omong-ke marang sliramu.
Maria : Apa ta kakang? Aja ngedheg-dhegi ta.
Yusup : Ngene lho diajeng.
Maria : Iya, kepiye? (Tangan yusup meraih tangan Maria)
Yusup : Wis dadi anteping tekat-ku, pun kakang arep sowan bapa Yoakim lan biyung Anna. Aku arep matur, yen aku tresna lan wis ora bisa pisah maneh karo sliramu. Aku bakal nyuwun palilah, supaya dikeparengake momong lan dadi pangayomanmu tekan puputing yuswa. Mung sakdurunge kuwi, coba blakaa ya wong ayu, apa si adhi uga nresnani pun kakang, lan gelem dadi jatu-kramaku.
Ada-ada sl 9:
Sira iku sareming donya... awya kongsi sira tawa... yen tawa tan migunani... Ooo, bakale dibuwang, tan ana paedahe, lan pinidak-pidak yekni... ooo
Pocapan:
Brol kang riwe, deres kadya dineres. Ya tembung kaya ngono kuwi sing sasuwene iki ditunggu lan diarep-arep. Bareng saiki tembung mau kelakon diucapake Yusup, dhuh, atine Maria rasane malah dadi giris kamiweden. Nanging kepiye maneh. Gelem ora gelem kudu diadhepi. Kanthi wel-welan Maria nggruguh angandika:
Maria : Ka…kakang, aku tak matur ya kakang.
Yusup : Iya Maria.
Maria : A…aku…, aaah..
Yusup : Lho, geneya kok malah gugup?
Maria : Aku wedi kakang mengko duka
Yusup : Ora, ora. Mosok aku mentala nesoni sliramu. Hara coba, sak suwene awake dhewe srawung, apa aku tau nesu?
Maria : Tenan kakang. Aku tresna lair-batin karo kakang. Rina wengi sing dak anti-anti ya mung kapan anggonmu bakal sowan rama-ibu kaya sing mbok ngendikakake ngarep. Ning ...
Yusup : Ah, wis ora susah nganggo nang-ning-nang-ning barang.
Maria : Mengko dhisik ta kakang, tak tutug-ake anggonku matur.
Yusup : Ah, wis ora usah nganggo ditutugake barang, aku wis ngerti apa karepmu.
Maria : Durung kakang. Sing arep dak aturake iki, panjenengan durung uninga. Semono uga Bapa biyung-ku. Sapa wae durung ana kang ngerti.
Yusup : Biyuh, gek apa kuwi?
Maria : Mengkene lho kakang critane!
Srepeg-sirep
Tlutur sl 9
Maria : Kakang Yusup, seminggu kepungkur, ana kedadeyan aneh! Malekat rawuh ing griya. Maune aku bingung, iki kaya ngimpi kaya ora. Mbareng tak delok kanthi premana, iki jebul temenan! Aku ora ngimpi!
Yusup : Ah, ha-ha-ha ...... wis arep dadi nganten kok isih seneng gegojegan, hi-hi-hi...
Maria : Ora kakang, aku ora gojeg. Iki temenan! Kakang Yusup, priksanana netraku. Panjenengen mesthi titen, aku kandha goroh apa ora!
Yusup : Tenanan piye?
Maria : Abot nggonku kudu nandhang perkara iki. Malekat kang rawuh kuwi paring dhawuh, menawa aku kudu ngandheg jabang bayi minangka Juru Slameting jagad. Malah, Sang Malekat ngandika menawa bayi kang bakal lair iki kakersakake diparingi peparab Yesus! Wiwit dina kuwi, aku wis nggarbini Kakang!
Yusup : Tenane? Hah?
Maria : Kakang, hamung kakang Yusup kang bisa niteni, aku matur kang sak benere. Priksanana netraku Kakang!
Yusup : Maria?
Maria : Ngertiya kakang, saiki aku wis ngandheg saka panguwasaning Hyang Roh Suci. Mula kakang Yusup, apuranen aku ya kakang...
Sampak tlutur
Sirep
Pocapan:
Sakala geter penggalihe Yusup. Apal lan wanuh yen ta Sang Maria boten nate goroh. Nanging, kami sesegen panjenengane satemah ngendika nandhes tembus telenging ati.
Yusup : Maria, Maria, ya, ya, tak tampa dene sliramu tinarbuka marang pun kakang. Nanging, nanging... Kok abot temen lelakon iki, gek kepiye! Kepiye mengko suwarane wong-wong. Pacangane Yusup kok wis ngandheg! Kowe ngandheg ning durung tak wengku minangka garwaku! Oh, iki sing aku ora isa nampa! Omonganmu, omonganmu kuwi padha karo nampik katresnanku!
Sampak
Maria : Kakang, kakang Yusuuuppp...
Sampak
Ganti iringan
Sirep
Adegan 9: Yusup dan Malaikat
Isi dialog: Yusup pergi menjauh dari Maria, tertidur dan bermimpi, diberitahu Malaikat bahwa Maria memang mengandung dari Roh Kudus dan Malaikat meminta Yusup untuk menikahi Maria.
Pocapan:
Keplantrang-plantrang lan nubras-nubras tindake kang nembe kecuwan, ora ngerti ngendi papan kang den tuju. Arep kondur, rasane wegah. Yen lunga, ya menyang ngendi. Sedalan-dalan bisane mung atebah-tebah jaja. Bingung, sedhih, kagol, gela, serik lan nesu worsuh dadi siji. Yusup rumangsa wis disewiyah tanpa aji. Priya ngendi kang ora ngengleng nalika katresnan sucine mentala ditulak mentahan dening pepujaning ati kanthi pawadhan nglengkara.
Wengi kang atis dirasakake Yusup dadi panas kaya sumuping neraka. Ngerti-ngerti tindake wis tekan ndalem, omah jaka-lara sing bakal denggoni urip bebarengan karo Maria. Aras-arasen trompahe dicopot lan tindak gegleyongan tumuju pepungkuran. Banyu anyep sing dinggo wisuh rinasa tan kuwawa ngedhemake sarira. Nuli Yusup ngebrukake anggane ing amben. Amben anyar gaweyane dhewe sing tansah diisik-isik kanggo lelumban karo Maria mengko sabubare neningkahan. Mripate kelop-kelop nrawang mendhuwur ngetung usuk. Jroning ati sesambat:
Yusup : Hmmm, kaningaya temen nasibku... Urip sepisan wae lha kok rusak... Maria, Maria, apa iki salahmu? Apa malah luputku?
Tabrak kemudhan
Pocapan:
Winengku getiring manah, mak leeerrr, Gus Yusup keturon senadyan ora kepati. Sak jroning layap-layap-ing-ingaluyup, keprungu swara dumeling...
Malekat : Ora ana sing salah Yusup. Sepisan maneh, ora ana kang luput. Kowe ora luput, pacanganmu Maria ya ora salah.
Yusup : Lho, kowe iku sapa?
Malekat : Aku malaikat Gabriel, utusaning Pangeran, kaya sing dicritakake Maria. Percayaa, sing ana dudu perihing ati, kepara malah kabar kabegjan.
Yusup : Mengko dhisik ta. Percaya ya percaya, nanging ngetoka supaya aku yakin yen sampeyan iku utusaning Gusti sejatining Gusti.
Malekat : Becik, tak ngaton...
Monggang
Malaikat Gabriel muncul
Sirep
Malekat : Berkah Dalem Yusup.
Yusup : Inggih, inggih, sugeng dalu lan Berkah Dalem kagem tetungguling para malaekating ALLAH.
Malekat : Mengkene ya Yusup. Sak nyatane, Dewi Maria iku tresna banget marang jengandika, mula panjenengane suthik lan ora bakal mentala ngapusi. Apa sing dicritakake Maria mau bener anane. Gusti ngutus aku mrepeg-i jengandika, kareben ora ana kleru panampa. Allah paring sabda, yen jengandika ora perlu tidha-tidha anggonmu bakal nggarwa putrine bapa Yoakim lan ibu Anna. Percaya-a, Dewi Maria iku isih tetep kenya. Ora ana priya liya sing tau cilik-e njawil, gedhene nggonjak. Dheweke pancen wus nggarbini saka kuwasaning Hyang Roh Suci. Putra lanang sing bakal lair saka guwa-garbane, paringana tetenger Yesus. Mbesuke bakal tinanggenah ambirat dosaning jagad.
Ada-ada:
Jejer janma piniji, solah bawa tansah murakabi, memayu hayuning praja, lan rahayuning bawana... eee
Yusup : Wee lha dalah. O, ngaten ta. Dados diajeng Maria punika mboten laku sedheng alampah bandrek?
Malekat : Ora, tak jamin ora. Mula enggal tembungen Maria. Sebab wus ginaris, yen Maria iku diutus dening Gusti minangka tetimbanganmu. Kosok baline, jengandika ya diutus ALLAH dadi tetimbangan lan pangreksaning Dewi Maria.
Yusup : Hemmm... Inggih-inggih, menawi punika mila sampun dados kersanipun Gusti, kula mboten badhe selak malih. Nanging kados pundi pangrengkuh kula mangke dhateng pun Yesus, ingkang sanyatanipun sanes anak kula piyambak?
Malekat: Lho…lho…lho, ya kudu mbok anggep kaya anakmu dhewe. Gula wenthahen Sri Yesus kaya panggulawenthah-e bapa marang anak kandhunge. Yusup, wajibe wong tuwa marang anak iku sanyata mung siji, yaiku napak-ke anak. Senajan katone mung siji, ning sejatine loro. Napak-ke anak bisa diteges, siji: “tapa” kanggo anak. Jengandika kudu wani pasa lan sesirik kanggo Sri Yesus. Ping pindhone uga bisa diteges pambudidaya kareben si anak bisa “tumapak” ing lemah utawa mandireng pribadhi. Jengandika kudu ndhidhik Panjenengane kareben dadi manungsa kang bisa ngadeg jejeg ora gumantung marang liyan, kanthi ateteken sih katresnan. Tresnanana Sri Yesus kang bakal lair. Sisihna wektu kang cukup kanggo panjenengane, sak-timbang karo wektu kang panjenengan gunakake kanggo bebrayan agung.
Yusup : Hem... kok abot temen ya.
Malekat : Pancen abot, ning mengkene. Ana cathetan sak watara kanggo tekening urip bebrayan. Aja kongsi kendhat anggonmu nyuwun marang Allah, supaya Panjenengane tansah siniwaka ana atimu sak kloron, kang wus didadekake siji. Awit, wong bebrayan iku ora gur winates jengandika lan garwamu, nanging uga ana Gusti kang tansah njejampangi jantraning lakumu. Yen ana Panjenengane, ora ana barang kang abot. Mula, yen diutus aja semaya, apa maneh nuwuhake pasulayan. Yen ana pasulayan, bisa dipesthekake yen Gusti lagi ora sinewaka ana telenging ati. Wis kariya slamet Yusup...
Ayak berawa pl br
Adegan 10 Perang Iblis vs Malaikat
Lusifer : Heeeehh, keparat... Aduuuh panas-panaaaasss...
Malaikat : Sambata kowe iblis! Kowe wani nggirigodha ancasing manungsa kang cecaketan karo Allah! Ayo minggata! Aja gawe kapitunaning manungsa!
Lusifer : Ya, ya, ya... entenana... liya dina, entenana!!
Malaikat : Minggata!
Lusifer : Aduuuuuuuhh... panas (oncat)
Sampak udhar
Sirep
Pocapan:
Mak gragap, Gus Yusup wungu apungun-pungun. Impen Puspa Tajem ndaradasihi dadi kekuwatan angganira, iman kang kuwat ndadekake undhaking daya... satemah kalah kuwasaning iblis kang nggirigodya... Mangkana Sang Yusup, gya mrepegi Dewi Maria... Pinaringan Sabda Rahayu lampahira!
Iringan: Kemudha Sabda Rahyu...
Adegan 11: Kelahiran Yesus
Sirep
Pocapan:
Sang Yusup lan Maria kalaksanan anggone urip bebrayan, mbangun kaluwarga. Nawa candra wus lumaku... Ing tlatah Betlehem kang kabawah wewengkoning Sang Kaisar Agustus. Nalika samana, Kaisar Agustus paring dhawuh supaya kaadani cacah jiwa sakperlune ngetung sepira gedhene beya pajek. Katingal Sang Yusup lan Maria kang sawega anetepi wajib cacah jiwa ing Betlekem. Gya lumampah Maria lan Yusup saking Nasaret tumuju ing Betlekem.
Sirep
Pocapan:
Sang Maryam, kenya pinuji awit kapiji dening Pangeran supados ngandhut lan miyosaken Sang Juru Slameting jagad. Tansah tatag, teteg lan tanggon anggennya lumampah. Tan kanyana, Sang Maryam kraos badhe hambabar Sang Putra kinandhut. Pacoban-pacoban kados dene tansah nemahi Sang Maryam. Nalika samana, boten wonten griya panyipengan ingkang saged nampi.
Kawula 1: Badhe wonten kersa menapa kok ndhodog2 griya kula??
Yusup : Nyuwun ngapunten, kula nyuwun pitulungan. Semah kula badhe babaran. Nanging boten wonten papan!
Suwuk
Kawula 1: Wadhuh, ngapunten, griya kula pun kebak tiyang niki!
Srepeg tlutur pl br
Sirep
Kawula 2 : Wonten napa?
Yusup : Ngapunten, kula badhe ngampil setunggal papan mawon kagem babaran semah kula?
Kawula 2 : Adhuh, ngapunten, boten wonten papan je…
Srepeg tlutur udhar
Suwuk
Ada2:
Surem-surem diwangkara kingkin... lir manguswaya kang layon...
Pocapan:
Kocap… pindha den iris-iris satemah miris raosipun Sang Yusup dalah Maria… Arep nggolek papan pasalinan kok angel! Tan kanyana ing mangke, Sang Maria sampun boten kiyat hangampet raosira… Brol, ponang riwe sak jagung-jagung medal saking pasuryanira. Satemah pucet, sinarengan anggereng-gereng angengken napas… saknalika, wonten kandhang menda. Sigra malumpat Sang Yusup anggendhong garwanira. Sang jabang bayi mijil ing kandhang menda…
Sampak pl br...
Adegan babaran—kodhok ngorek
Suwuk
Ada-ada: Sumbering piwulang reh wadhag, yuwana ambuh raharja…ooooo
Pocapan:
Sang Timur sampun mijil… nuli ginedhong ing gombal lan kaselehaken ing pamakanan menda. Sak nalika, kaelokan ing wanci ratri ndadosaken raos gumun sagung para pangon ing ara-ara ingkang samya nengga mendanipun ing wanci ratri. Para malekat ing swarga gya tumurun… horeg kang bumi, dadya lerem saknalika!
Lancaran Bumi Horeg
Sirep
Malekat : Minulya Allah ing ngaluhur… lan ing bumi tentrem tumraping para janma, ingkang sami dados kinasih ing Gusti!
Adegan 12: Para raja manca sami asung sembah bekti dhumateng Sri Yesus
Isi dialog: para raja manca sami asung rupi-rupi pisungsung tumrap jabang bayi Yesus!
Melkior : Sinuwun, dhuh Sang Timur, ingkang sampun kapiji minangka Sang Nata Agung ing saklumahing jagad! Nami kula Melkior, kula sarjana saking tanah Persia. Ginancangan kaliyan kadang kula Caspar lan Baltasar. Kula badhe atur sembah bekti katur paduka Sang Timur! Mangga kula aturi nampi, punika emas. Emas punika barang ingkang pengaji, ingkang kagungan namung Raja. Lan kula sakanca pitados dene paduka Sang Timur punika Raja!
Baltarsar : Sang Timur, Nata Agung! Nami kula Baltasar. Kula saking tanah Arab. Kula ngaturaken blendok mur minangka sembah bekti kula. Mur punika gandanipun arum. Didamel saking wit balsem. Blendok mur punika saged didamel lisah wangi. Saged kagem obat. Saged ugi kagem campuran anggur. Blendok mur punika minangka pralambang gesanging manungsa. Kula pitados dene paduka Sri Yesus punika manungsa sejati.
Caspar : Sang Nata, nami kula Caspar, kula saking tanah India. Punika wonten menyan. Menyan punika pralambang pisungsung dhumateng Gusti Allah. Kula pitados bilih paduka punika Allah ingkang maujud dados manungsa! Mangga kula aturi pisungsung, minangka pralambang sembah bakti kula.
Adegan 13: Wejangan Gembala
Pangon:
Saudara-saudaraku, betapa bersyukurnya kita, karena Tuhan yang begitu setia! Kita umat Kristiani, bukanlah menyembah Tuhan yang membutuhkan penghormatan manusia. Tidak! Tuhan tidak butuh penghormatan dan penghargaan kita! Lantas seperti apakah Tuhan yang kita sembah? Tuhan yang kita sembah adalah Tuhan yg sangat menghargai martabat manusia! Ia sudah terlebih dahulu menghargai kita manusia! Apa buktinya? Buktinya, Allah beserta kita! Ia masuk dalam kehidupan manusia! Sang Isa UtusanNya masuk dalam hidup manusia, senasib dengan hidup manusia. Sang Timur sudah lahir. Lahir di dunia dan lahir untuk tinggal di hati kita! inilah penghargaanNya kepada kita manusia. Maka, karena Tuhan sungguh menghargai kemanusiaan kita, kita hendaknya menghargai manusia, sesama kita! Mari kita menghargai manusia, apalagi manusia yg menderita, yg butuh uluran tangan kita!
Sampak
Lanc. Penutup “Pra Sedulur”
Tancep kayon